Sesorah
a. Sesorah
Sesorah
inggih punika njlentrehanken ide kanthi wujud tembung ingkang di ucapaken marang
tiyang kathan.
b. Ingkang kedah dipungatosaken nalika
sesorah
·
Busana/ageman:
kajumbuhna kaliyan kaperluanipun ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi
·
Subasita/trapsila:
trapsila ingkang kirang badhe ngirangi kawibawan.
·
Swara
(vokal/basa pupoler) : kedah dipungladhi supados saged cetha kedaling swanten.
·
Basa
tuwin sastra: basa minurut tuntunaning sastra ingkang leres
c.
Rantamaning
sesorah
·
Salam
pambuka
·
Panuwun:
puja puji marang gusti ingkang maha agung
·
Surasaning
basa/isi
·
Dudutan/simpulan
·
Wasana:
atur panuwun saha pangaksami
d. Jinising sesorah
·
Sesorah
kanthi cara/ model apalan
Sesorah ingkang
sampun kadamel seratan lajeng dipun apalaken. Cara menika asring dipunginaaken
dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
·
Sesorah
kanthi cara/model naskah utawi teks: juru pamedar sabda saestu beta naskah,
teks utawi catetan. Pidhato lajeng dipunwaos sawentahipun, boten diapalaken.
·
Sesorah
kanthi cara/model dadakan utawi impromptu: sesorah ingkang boten kanyana-nyana
saderengipun. Cara sesorah menika asring dipunginaaken dening lare ingkang
sampun trampil ing pamicara utawi istilahipun orator.
·
Sesorah
kanthi cara/model eksemporan: sesorah kanthi beta catetan alit minangka gawan
utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikaaken.
e. Tuladha sesorah
Assalamualaikum
Wr.Wb
Nuwun,para
pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang
satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa
Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun
ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha anggota
karang taruna ingkang kula tresnani.
Langkung
rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti
ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten
kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing
wekdal menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan
satunggal menapa
Sagung
para rawuh ingkang satuhu kinurmatan
Kula
ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi
Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para
rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula
kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun
kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring
idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.
Mboten
supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng
sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa
kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak,Ibu-ibu,para
rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Minangka
sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok
bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging
suba sita ,kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula
nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para
pilenggah ingkang kinurmatan.
Panjenengan
sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang
taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang
ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para
mudha ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan
ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi
sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar
nasional.
Pramila
ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing
dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun
supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng
Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun
pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah
Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun
kedah tumut menggalihaken.
Kados
namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa panjenengan sedaya,bilih kathah atur kula
ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar