Cerkak
a. Cerkak
Cerkak utawi cerita cekak inggih
punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif ingkang ringkes. Miturut
sujarahipun cerkak punika kawiwitan saking tradhisi cariyos lisan ingkang
misuwur, lumrahipun kaandharaken kanthi wujud geguritan infkang wonten
iramanipun. Cerkak lumrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang
lumrah cariyosupun naming gadhah setunggal fragmen/adhegan, setunggal plot,
setunggal alur, cacahing paraga ugi winates, lan cakupan wekdalipun cekak.
b. Unsur Intrinsik cerkak
Unsur intrinsik
inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
·
Tema
·
Latar/setting
(papan, wekdal, kawontenan)
·
Alur/plot
·
Watak
·
Amanat
·
Cara payerat
nyariyosaken/sudut pandang
·
Lelewaning
basa/gaya bahasa
c. Unsur Ekstrinsik
Unsur ektrinsik
inggih punika unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging
ghadah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika
·
Unsur Sosial
·
Unsur Politik
·
Unsur Ekonomi
·
Unsur Budaya
·
Unsur Religi, Lsp
d. Tuladha cerkak
Rekane
Sela Gawe Cilaka
Dening Puri Yulitaningsih/24/X IPS II
Dina
setu ing wayah esuk aku tangi gregah, banjur siap-siap arep menyang sekolah,
wedi ndak kancaku selak ngampiri. Sakwise siap aku banjur menyang sekolah.
Tekane sekolah aku kaget, amarga akeh kanca sing padha ribut babagan PR.
Cilakane aku lali durung nggarap pr kuwi merga mau bengi langsung bleg sek
turu, kesel anggone tonti, ee yo rekane sela. Kojure maneh, pr.e akeh tenan,
ora aba-aba aku gage nyelehake tas ing panggonan sak cedhakku karo nyaut bukune
kancaku, terus tak salin.
Ora
let suwe bel mlebu muni, kamangka aku
durung kemput anggone nyalin pr kancaku. Gage gage, anggonku nulis nganti
tangane ndredeg. Atine ora tentrem, was-was, wedi yen gurune selak teka,
batinku. Eee.. lhadalah, pancen dasare gusti ngerti yen aku tumindak ora becik,
teka tenanan gurune, kamangka lehku nyalin isih kurang seprapat.
Nalikane
guru mau mlebu, aku banjur ingkut nggukuti buku-buku sing semrawut, tak
biyak-biyak ing meja. Ing ati aku donga muga-muga gurune ana acara. Sakwise
donga lan uluk salam, guru mau banjur nakoni para siswane, bocah-bocah, wis
digarap opo durung pr.e kala wingi? Amarga mung ditakoni, aku melu-melu muni
sampun, kaya kanca-kanca sing liyane.
Wis
rada ayem, ora di tilikki, batinku. Nalikane aku arep neruske anggone nyalin,
guru mau mubeng, niliki garapanne kanca-kancaku, gek.na deretku sing disik
dhewe. We… lha ya wis ngalamat iki, mung gari nunggu guru le mlaku, amarga aku
lungguh ing mburi dhewe. Nalikane guru mau mubeng niliki garapane kancaku, ing
jero atiku, weh lha kok sing di tilikki mung sing sisih kiwa tok. Ngerti kuwi
mau, aku gage nyaut garapane jejerku, pis.., gurune tekan jejerku.
“wis
di garap durung pr.e?” gurune takon karo mesem, ing jero ati aku nyuwun marang
sing kuwasa supayane di paring pangapura, supaya gurune ora ngerti yen iki dudu
garapanku.
“Sampun”
anggonku jawab kanthi ati was-was
“endi
nduk, coba aku tak pirsa” aku bajur maringake garapan kancaku mau marang guru.
Atiku saya was-was. Bejane garapane kancaku mau diselehke ing meja, banjur
niliki garapane kancaku sing liyane. Huah legane kaya bar ketulungan le arep
nyegur jurang.
Ealah,
rekane selo gawe cilaka Wiwit saka kuwi, aku banjur mangkat nyatet apa-apa sing
didhawui guru supaya ora lali. Anggone nggarap yo ora dirende-rende. Wiwit kuwi
aku iya mruput anggone mangkat, kareben isa jaga-jaga yen aku pancen kelalen
anggone nggarap pr.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar