Gamelan
a. Gamelan
Gamelan
miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadaeminta inggih punika tetabuhan kang
rercikane akeh banget. Bahan ingkang digunaaken kangge damel gamelan inggih
punika perunggu utawa gangsa (campura tembaga lan timahsari), kuningan, saha
barut (wesi lan plat). Gamelan jawa cirinipun langkung alus lan alon, benten
kaliyan gamelan bali ingkang temponipun langkung cepet, uga gamelan sunda
ingkang paling alus lan dipundominasi swanten suling.
b. Ricikan gamelan
1. Wujud Tebokan
·
Kendhang
ageng/gendhing
Kendhang ingkang
paling ageng ukuranipun lan ngasilaken swanten ingkang paling cendhek. Biasanipun
ditabuh kaliyan kendhang ketipung ingkang dipunwastani kendhang kalih. Lan ugi
saged dipun tabuh piyambakan dipunwastani kendhang satunggal.
·
Kendhang
Ketipung
Kendhang ingkang
paling alit lan swantenipun paling dhuwur. Biasanipun dipuntabuh kaliyan
kendhang ageng.
·
Kendhang
Ciblon/batangan
Kendhang ingkang
gadhah ukuran langkung alit katimbang kendhang ageng lan kendahng wayangan. Swantenipun
langkung dhuwur katimbang kendhang ageng. Biasanipun dipunagem kangge ngiringi
tari/jogged.
·
Kendhang
Wayangan
Kendhang ingkang
gadah ukuran sedeng lan langkung alit sekedhik katimbang kendhang ageng. Biasanipun
digunaaken kangge wayangan.
2. Wujud Wilahan
·
Gender
Perangkat gamelan
kasusun ing papan kaya ayunan lan wonten ing ngisore ana tabung silinder kangge
gema swanten.
·
Gambang
Wujudipun meh
sami kaliyan saron nanging langkung dawa lan kadamel saking kayu.
·
Demung
Saron ingkang
paling ageng ukuranipun. Ing kelompok saron/balungan saron demung nasilaken
swanten ingkang paling cendhek
·
Saron
Saron barung
bentukipun sami kaliyan saron demung nanging langkung alit. Dibanding saron
liyanipun, saron barung wonten ing tengah-tengah antaranipun saron demung lan
saron peking. Saron barung ngasilaken swanten ingkang langkung dhuwur saoktaf
katimbang sarin demung.
·
Peking
Saron penerus utawi
peking inggih punika saron kang paling alit lan swantenipun langkung dhuwur.
3. Wujud Wilahan Pencon
·
Gong
kemodhong
Gong kemodhong
inggih punika wujud wilahan ngangge pencu, dipun renteng ngangge pluntur, dipun
kancing sindik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan
klenting kangge resonator. Padhatan sarancak cacah 2 wilangan.
·
Kecer
Kecer inggih
punika piranti gamelan ingkang ditangkupaken ing pasanganipun, biasanipun
ditabuh kangge ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
4. Wujud Pencon
·
Bonang
Wonten 3 jenis bonang
inggih punika bonang panembung, barung, lan penerus., dipuntata larik 2,
·
Kethuk
lan Kempyang
Kethuk lan
kempyang inggih punika salah sawijinging gamelan ingkan katata ing papan kaya
ayunan,lan rancakanipun langkung cendhek katimbang kenong.
·
Kenong
Kenong inggih
punika piranti gamelan wujud pencon ingkang kasusun ing papan kados
ayunan, irip kaliyan bonang, kempyang,
lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki, kenong gadhah ukuran
sing paling gedhe.
·
Kempul
Biasanipun
digantung kados umumipun piranti gong, nanging cacahipun gumantung pagelaran. Bentukipun
kados gong nanging langkung alit, lan ngasilaken swanten ingkang langkung
inggil.
·
Gong
Gong inggih
ounika piranti gamelan ingkang ditabuh lan gadhah ukuran paling ageng. Wonten kalih
jenis inggih punika gong ageng lan gong suwuk. .
5. Wujud Kawatan
·
Rebab
Rebab inggih punika
wujuding perangkat gamelan ingkang cara nabuhe dikosok ( digesek ). Ginanipun
kangge murba lagu, variasi, lan ugi kangge pambuka gendhing.
·
Celempung
lan Siter
Celempung inggih
punika gamelan ingkang cara nabuhipun dipetik sami kaliyan siter, cacahipun
senar wonten 11 lan 13 pasang. Celempung bebarengan kaliyan siter dados piranti
ingkang utama ing gamelan lan mlebet kelompok penerusan, gadhah tempo cepet
sami kaliyan gambang. Dibanding siter, celempung kinten-kinten ping 3 langkung
dawa.
6. Wujud Pipa
·
Sruling
Sruling iku
kalebu piranti music kang disebul, gunane kangge variasi gamelan. Kagawi saking
bahan piring ingkang dawanipun kirang langkung setengah meter. Swanten sulunf
kasil saking rongga angina ingkang di geteraken liwat sebulan angin.
·
Kemenak
Kemenak inggih punika perangkat
gamelan kang wujude memper gendhang, lan biasanipun dipun tabuh kangge ngiringi
bedhayan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar