Minggu, 28 Mei 2017

Gamelan

Gamelan

a.      Gamelan
Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadaeminta inggih punika tetabuhan kang rercikane akeh banget. Bahan ingkang digunaaken kangge damel gamelan inggih punika perunggu utawa gangsa (campura tembaga lan timahsari), kuningan, saha barut (wesi lan plat). Gamelan jawa cirinipun langkung alus lan alon, benten kaliyan gamelan bali ingkang temponipun langkung cepet, uga gamelan sunda ingkang paling alus lan dipundominasi swanten suling.

b.      Ricikan gamelan
1.      Wujud Tebokan
·         Kendhang ageng/gendhing
Kendhang ingkang paling ageng ukuranipun lan ngasilaken swanten ingkang paling cendhek. Biasanipun ditabuh kaliyan kendhang ketipung ingkang dipunwastani kendhang kalih. Lan ugi saged dipun tabuh piyambakan dipunwastani kendhang satunggal.
·         Kendhang Ketipung
Kendhang ingkang paling alit lan swantenipun paling dhuwur. Biasanipun dipuntabuh kaliyan kendhang ageng.
·         Kendhang Ciblon/batangan
Kendhang ingkang gadhah ukuran langkung alit katimbang kendhang ageng lan kendahng wayangan. Swantenipun langkung dhuwur katimbang kendhang ageng. Biasanipun dipunagem kangge ngiringi tari/jogged.
·         Kendhang Wayangan
Kendhang ingkang gadah ukuran sedeng lan langkung alit sekedhik katimbang kendhang ageng. Biasanipun digunaaken kangge wayangan.
2.      Wujud Wilahan
·         Gender
Perangkat gamelan kasusun ing papan kaya ayunan lan wonten ing ngisore ana tabung silinder kangge gema swanten.
·         Gambang
Wujudipun meh sami kaliyan saron nanging langkung dawa lan kadamel saking kayu.
·         Demung
Saron ingkang paling ageng ukuranipun. Ing kelompok saron/balungan saron demung nasilaken swanten ingkang paling cendhek
·         Saron
Saron barung bentukipun sami kaliyan saron demung nanging langkung alit. Dibanding saron liyanipun, saron barung wonten ing tengah-tengah antaranipun saron demung lan saron peking. Saron barung ngasilaken swanten ingkang langkung dhuwur saoktaf katimbang sarin demung.
·         Peking
Saron penerus utawi peking inggih punika saron kang paling alit lan swantenipun langkung dhuwur.
3.      Wujud Wilahan Pencon
·         Gong kemodhong
Gong kemodhong inggih punika wujud wilahan ngangge pencu, dipun renteng ngangge pluntur, dipun kancing sindik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenting kangge resonator. Padhatan sarancak cacah 2 wilangan.
·         Kecer
Kecer inggih punika piranti gamelan ingkang ditangkupaken ing pasanganipun, biasanipun ditabuh kangge ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
4.      Wujud Pencon
·         Bonang
Wonten 3 jenis bonang inggih punika bonang panembung, barung, lan penerus., dipuntata larik 2,
·         Kethuk lan Kempyang
Kethuk lan kempyang inggih punika salah sawijinging gamelan ingkan katata ing papan kaya ayunan,lan rancakanipun langkung cendhek katimbang kenong.
·         Kenong
Kenong inggih punika piranti gamelan wujud pencon ingkang kasusun ing papan kados ayunan,  irip kaliyan bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki, kenong gadhah ukuran sing paling gedhe.
·         Kempul
Biasanipun digantung kados umumipun piranti gong, nanging cacahipun gumantung pagelaran. Bentukipun kados gong nanging langkung alit, lan ngasilaken swanten ingkang langkung inggil.
·         Gong
Gong inggih ounika piranti gamelan ingkang ditabuh lan gadhah ukuran paling ageng. Wonten kalih jenis inggih punika gong ageng lan gong suwuk. .
5.      Wujud Kawatan
·         Rebab
Rebab inggih punika wujuding perangkat gamelan ingkang cara nabuhe dikosok ( digesek ). Ginanipun kangge murba lagu, variasi, lan ugi kangge pambuka gendhing.
·         Celempung lan Siter
Celempung inggih punika gamelan ingkang cara nabuhipun dipetik sami kaliyan siter, cacahipun senar wonten 11 lan 13 pasang. Celempung bebarengan kaliyan siter dados piranti ingkang utama ing gamelan lan mlebet kelompok penerusan, gadhah tempo cepet sami kaliyan gambang. Dibanding siter, celempung kinten-kinten ping 3 langkung dawa.
6.      Wujud Pipa
·         Sruling
Sruling iku kalebu piranti music kang disebul, gunane kangge variasi gamelan. Kagawi saking bahan piring ingkang dawanipun kirang langkung setengah meter. Swanten sulunf kasil saking rongga angina ingkang di geteraken liwat sebulan angin.
·         Kemenak

Kemenak inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gendhang, lan biasanipun dipun tabuh kangge ngiringi bedhayan.

Pawartos Basa Jawa

Pawartos

a.      Pawartos
Pawartaos inggih punika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.

b.      Fakta
Fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5w 1h
·         Who (sinten): sinten ingkang tumindak
·         What (menapa): menapa ingkang dipuntindakaken
·         When (kapan): wonten pundi papanipun
·         Why (kenging menapa): kenging menapa saged tumindak kados menika
·         How (kadopundi): kados pundi caranipun

c.       Jinising pawartos
·         Pawartos langsung (straight news)
·         Pawartos mendalam (depth news)
·         Pawartos opini (opini news)
·         Pawartos photo

d.      Struktur panyeratan
·         Irah irahan (head)
·         Baris tengah (dateline)
·         Teras pawartos (lead)
·         Eos pawartos (body)

e.      Tuladha pawartos

Ladosan PMI Boten Namung Donor Darah
            Sleman, www.jogjatv.tv – Salebeting wulan janusari 2017 punika, kanthi gilir gumanti pengurus PMI DIY titenjo dhateng sedaya maekas PMI kabupaten lan kota sa DIY.dene ing dinten kemis (19/1) siyang pengurus PMI DIY titento dhateng PMI Sleman. Salebeting kridha ingkang dipun pandhegani langsung dening ketua PMI Sleman, Prabukusumo punika, rombingan dipun tampi dening Ketua PMI Sleman, Sunartono dipun ampingi sawetawis Pengurus PMI Kabupaten Sleman.
            Anggenipun titenjo dhateng PMI Sleman Punika Ugi Kangge ningali langsung maneka kridhanipunPMI Kabupaten Sleman. Miturut Ketua PMI Sleman, Sunartono kangge lampahing organisasi, PMi Sleman tansah nindakaken maneka pembenahan, mliinipun ing babagan administrasi lan keuangan. Wodene ing babagan ladosan dating masyarakat, kejawi ngladosi donor darah lan pembinaan dhateng relawan, PMI saha ugi suka ladosan mobil ambulan kanthi lelahanan mliginipun kangge warga masyarakat miskin lan kangge para kosban kecelakaan.

             Ketua PMI DIY, GBPH Prabukusumo ngajab dhateng masyarakat sedaya PMI kabupaten lan kota sa DIY, anggenipun suka ladosan dhateng masyarakat boten naming ingkang asipat konvensional kemawon kadosta donor darah, nanging ugi kedah suka pelatiha pertolongan korban, mliginipun dhateng para wiranem ing daerah rawan bencana, satemah menawi tumempuh musibah alam, warga boten bingung lan saged suka pertolongan pertama dhateng para kpeban. (Subardi) (kapethik saking www.jogjatv.tv )

Sesorah Bassa Jawa

Sesorah

a.      Sesorah
Sesorah inggih punika njlentrehanken ide kanthi wujud tembung ingkang di ucapaken marang tiyang kathan.

b.      Ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah
·         Busana/ageman: kajumbuhna kaliyan kaperluanipun ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi
·         Subasita/trapsila: trapsila ingkang kirang badhe ngirangi kawibawan.
·         Swara (vokal/basa pupoler) : kedah dipungladhi supados saged cetha kedaling swanten.
·         Basa tuwin sastra: basa minurut tuntunaning sastra ingkang leres

c.       Rantamaning sesorah
·         Salam pambuka
·         Panuwun: puja puji marang gusti ingkang maha agung
·         Surasaning basa/isi
·         Dudutan/simpulan
·         Wasana: atur panuwun saha pangaksami

d.      Jinising sesorah
·         Sesorah kanthi cara/ model  apalan
Sesorah ingkang sampun kadamel seratan lajeng dipun apalaken. Cara menika asring dipunginaaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
·         Sesorah kanthi cara/model naskah utawi teks: juru pamedar sabda saestu beta naskah, teks utawi catetan. Pidhato lajeng dipunwaos sawentahipun, boten diapalaken.
·         Sesorah kanthi cara/model dadakan utawi impromptu: sesorah ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Cara sesorah menika asring dipunginaaken dening lare ingkang sampun trampil ing pamicara utawi istilahipun orator.
·         Sesorah kanthi cara/model eksemporan: sesorah kanthi beta catetan alit minangka gawan utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikaaken.

e.      Tuladha sesorah

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa
Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan

Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.

Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.

Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.

Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.

Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Para pilenggah ingkang kinurmatan.

Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar nasional.

Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.

Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb (kapethik saking http://duniakirun.blogspot.co.id)

Jumat, 12 Mei 2017

Cerkak Bahasa Jawa

Cerkak

a.      Cerkak
Cerkak utawi cerita cekak inggih punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif ingkang ringkes. Miturut sujarahipun cerkak punika kawiwitan saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur, lumrahipun kaandharaken kanthi wujud geguritan infkang wonten iramanipun. Cerkak lumrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang lumrah cariyosupun naming gadhah setunggal fragmen/adhegan, setunggal plot, setunggal alur, cacahing paraga ugi winates, lan cakupan wekdalipun cekak.

b.      Unsur Intrinsik cerkak
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
·         Tema
·         Latar/setting (papan, wekdal, kawontenan)
·         Alur/plot
·         Watak
·         Amanat
·         Cara payerat nyariyosaken/sudut pandang
·         Lelewaning basa/gaya bahasa

c.       Unsur Ekstrinsik
Unsur ektrinsik inggih punika unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging ghadah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika
·         Unsur Sosial
·         Unsur Politik
·         Unsur Ekonomi
·         Unsur Budaya
·         Unsur Religi, Lsp

d.      Tuladha cerkak

Rekane Sela Gawe Cilaka

Dening Puri Yulitaningsih/24/X IPS II

Dina setu ing wayah esuk aku tangi gregah, banjur siap-siap arep menyang sekolah, wedi ndak kancaku selak ngampiri. Sakwise siap aku banjur menyang sekolah. Tekane sekolah aku kaget, amarga akeh kanca sing padha ribut babagan PR. Cilakane aku lali durung nggarap pr kuwi merga mau bengi langsung bleg sek turu, kesel anggone tonti, ee yo rekane sela. Kojure maneh, pr.e akeh tenan, ora aba-aba aku gage nyelehake tas ing panggonan sak cedhakku karo nyaut bukune kancaku, terus tak salin.
Ora let suwe  bel mlebu muni, kamangka aku durung kemput anggone nyalin pr kancaku. Gage gage, anggonku nulis nganti tangane ndredeg. Atine ora tentrem, was-was, wedi yen gurune selak teka, batinku. Eee.. lhadalah, pancen dasare gusti ngerti yen aku tumindak ora becik, teka tenanan gurune, kamangka lehku nyalin isih kurang seprapat.
Nalikane guru mau mlebu, aku banjur ingkut nggukuti buku-buku sing semrawut, tak biyak-biyak ing meja. Ing ati aku donga muga-muga gurune ana acara. Sakwise donga lan uluk salam, guru mau banjur nakoni para siswane, bocah-bocah, wis digarap opo durung pr.e kala wingi? Amarga mung ditakoni, aku melu-melu muni sampun, kaya kanca-kanca sing liyane.
Wis rada ayem, ora di tilikki, batinku. Nalikane aku arep neruske anggone nyalin, guru mau mubeng, niliki garapanne kanca-kancaku, gek.na deretku sing disik dhewe. We… lha ya wis ngalamat iki, mung gari nunggu guru le mlaku, amarga aku lungguh ing mburi dhewe. Nalikane guru mau mubeng niliki garapane kancaku, ing jero atiku, weh lha kok sing di tilikki mung sing sisih kiwa tok. Ngerti kuwi mau, aku gage nyaut garapane jejerku, pis.., gurune tekan jejerku.
“wis di garap durung pr.e?” gurune takon karo mesem, ing jero ati aku nyuwun marang sing kuwasa supayane di paring pangapura, supaya gurune ora ngerti yen iki dudu garapanku.
“Sampun” anggonku jawab kanthi ati was-was
“endi nduk, coba aku tak pirsa” aku bajur maringake garapan kancaku mau marang guru. Atiku saya was-was. Bejane garapane kancaku mau diselehke ing meja, banjur niliki garapane kancaku sing liyane. Huah legane kaya bar ketulungan le arep nyegur jurang.

Ealah, rekane selo gawe cilaka Wiwit saka kuwi, aku banjur mangkat nyatet apa-apa sing didhawui guru supaya ora lali. Anggone nggarap yo ora dirende-rende. Wiwit kuwi aku iya mruput anggone mangkat, kareben isa jaga-jaga yen aku pancen kelalen anggone nggarap pr.